

Introduction
Zainuddin Muhammad Zein utawi kawentar kanthi asma KH Zainuddin MZ (lair ing Jakarta, 2 Maret 1951 – pati ing Jakarta, 5 Juli 2011 ing yuswa 60 taun) inggih punika salah satunggalipun tokoh agami Islam ing Indonésia ingkang misuwur amargi pengajian-pengajianipun ing televisi. K. H. Zainuddin MZ pikantuk julukan Dai Sejuta Umat amargi dhakwah utawi pengajianipun saged dipuntampi déning sadaya lapisan masyarakat. Panjenenganipun kagungan garwa ingkang asmanipun Hj Kholilah, lan saking pernikahan punika panjenenganipun sampun kagungan sekawan putra Fikri Haikal MZ, Lutfi MZ, Kiki MZ, lan Zaki MZ. Ing wekdal salajengipun nami Zainuddin MZ minangka dai sejuta umat nate tenggelam. Ananging ing salajengipun Panjenenganipun sampun wiwit fokus ing jagad dakwah lan wonten ing tengah umat malih. Watawis sasi Oktober, asma Zainuddin MZ radi awon amargi wonten salah satunggalipun artis Aida Saskia ingkang matur sampun dipunruda peksa déning Zainuddin MZ. Ngantos sapunika kasus punika taksih dereng rampung.
November 2010, Zainuddin dipunrawat ing griya sakit amargi kesel lan strés. Sasampunipun punika, panjenenganipun boten medal malih ing televisi, ngantos dumugi tilar donyanipun tanggal 5 Juli 2011 jam 09.20 WNIK (Wekdal Nuswantara Iring Kilen) ing griya sakit Pertamina, Jakarta. Jenasahipun dipunmakamaken ing ngajeng Masjid Fajrul Islam ingkang wonten persis ing ngajeng dalemipun Zainuddin MZ.
Cathetan suku
Pranala njawi
(id) Zainuddin MZ