Tanri Abeng
Indonesian businessman, politician

Tanri Abeng

The basics
Quick facts
Intro
Indonesian businessman, politician
Gender:
Male
Places:
Work field:
Birth:
7 March 1942(Selayar Islands, South Sulawesi, Indonesia)
Death:
23 June 2024
Star sign:
Politics:
Education:
Hasanuddin University
Makassar, South Sulawesi, Indonesia
Biography menu
Menu

Jump to

Introduction Cathetan suku Pranala njawi
The details
Biography

Introduction

Tanri Abeng (lair ing Selayar, Sulawesi Kidul, 7 Maret 1942; umur 82 taun) inggih punika salah satunggalipun pangusha saking Indonésia. Panjenenganipun naté dados Mantri Nagara Pandayagunaan BUMN saking 25 Mèi ngantos dumugi 13 Oktober 1999.

Panjenenganipun miyos saking kulawargi ingkang kekirangan. Nanging panjenenganipun gadhah tegad lan gegayuhan ingkang ageng. Panjenenganipun tansah sinau kanthi kentheng, lan nyambi pados arta kanggé mbiyantu pagesangan ing saben dintenipun. Panjenenganipun gadhah tekad boten pegat ing kaprayitnan (optimistis). Gegayuhanipun ingkang ageng punika ndadosaken panjenenganipun kapilih dados mahasiswa program tuker-tukeran pelajar American Field Service. Salajengipun Tanri nglajengaken kuliyah ing Universitas Hasanudin lan nyambi nyambut damel ing perusahaan eksportir lan mucal basa Inggris ing salah satunggalipun SMA. Nalika taksih mahasiswa panjenenganipun pikantuk beasiswa kanggé mendhet gelar Master of Business Administration (MBA) saking Universitas Negeri New York Amérikah Sarékat.

Kariéripun tansah minggah sasampunipun lulus MBA, nalika tumut kaliyan Union Carbide. Dipunwiwiti saking management trainee ing Amérikah Sarékat, Tanri kanthi wekdal ingkang langkung cekak (yuswanipun nembé 29 taun) sampun dados dhirektur urusan arta lan sekretaris ing perusahaan wau.

Cathetan suku

Pranala njawi

About Tanri Abeng Archived 2012-02-20 at the Wayback Machine.