
Introduction
Parlin Burman Siburian (populèr kanthi jeneng Pay; lair ing Pematang Siantar, Sumatra Lor, 2 Mèi 1970; umur 50 taun). Pay ya iku musikus kang asalé saka Indonésia. Pay iku anggota saka band rock BIP kang wis nggawé album kang cacahé loro ya iku album kang judhulé Turun dari langit lan Min Plus. Pay uga kepilih dadi salah sijiné gitaris kang tampil ing album Gitar Klinik lan jam sesiné bareng karo Andy Timmons ing Hard Rock Cafe Jakarta.
Pay iku mantan anggotané Slank. Pay mlebu Slank nalika taun 1989. Nalika iku Pay tepung karo prodhuser lan njajal nawakaké dhémo musiké Slank. Pungkasané Slank wiwit rekaman nalika taun 1990. Nalika iku Slank kasusun saka personil kang cacahé lima. Déné personilé ya iku Pay, Bimbim, Bongky, Indra lan Kaka.
Pay tau nggabung karo Andy Liany, Ronald, lan Once. Wong telu iki banjur mbentuk Fargat 27, lan nggawé album kang judhulé Seribu Angan.
Pay banjur palakrama karo Cynthia Dewi Bayu Wardhani utawa kang luwih ditepungi kanthi jeneng Dewiq. Dewiq iku penyanyi kang asalé saka Ujung Pandang, Indonésia. Saliyané iku, Dewiq uga dadi musikus lan penyanyi. Nanging Pay banjur pegatan karo Dewiq. Sawisé pegatan karo Dewiq, taun 2010 Pay banjur palakrama karo Irene Anastasya Pricilia.
Cathetan sikil
- ↑ batakpos-online.com(diundhuh tanggal 19 Juli 2011)
- ↑ tempointeraktif.com(diundhuh tanggal 19 Juli 2011)
