

Introduction
Donna Agnesia utawa kang nduwèni jeneng jangkep Donna Agnesia Wayong lair ing Kutha krajan Jakarta tanggal 8 Januari 1979. Donna Agnesia iku salah sijiné presenter kang asale saka Indonésia.
Biografi
Donna Agnesia ngugemi agama Katolik. Donna miwiti kariré nalika dhèwèké dadi modhél. Donna iku anak nomer loro saka sedulur kang cacahe telu. Sawisé dadi modhél Donna banjur njajal karir ing presenter. Donna dadi presenter ing acara siyaran langsung piala dunia bal-balan 2006 ing SCTV. Acara iki kang ndadékaké Donna sangsaya misuwur lan sukses ing kariré. Nalika iku, presenter wadon isih sithik ditemokaké, apamanéh dadi presenter ing acara ulah raga khususé bal-balan. Donna bisa lancar njléntréhaké ngenani babagan tim bal-balan ing donya. Nganti saiki, Donna Agnesia uga tau ditawani kanggo dadi presenter ing acara Senandung Pagi ing SCTV.
Kauripan pribadi
Donna nikah karo presenter kang jenengé Darius Sinathrya nalika tanggal 30 Desember 2006. Kamangka Donna lagi waé mbatalaké pernikahané karo aktor lan bintang sinetron, Okan Cornelius. Nalika tanggal 28 Juni 2007, Donna nglairaké anaké kang sepisanan. Anak iki asil pernikahané karo Darius. Anak kang sepisanan iki diwénéhi jeneng Lionel Nathan Sinathrya Kartoprawiro. Nalika tanggal 5 Mei 2009, Donna nglairaké anak kang kaping pindho saka pernikahané karo Darius. Anak kang kaping loro iki diwenehi jeneng Diego Andres Sinathrya. Nalika tanggal 1 Mei 2011, Donna nglairaké anaké kang kaping telu ya iku Quinesha Sabrina Sinatriya.