

Introduction
Chico Jericho Jarumillind utawa kang biyasa diundang Chico Jericho (lair ing Jakarta, Indonésia, 3 Juli 1984; umur 32 taun) ya iku pemain filem kang asalé saka Indonésia. Chico wiwit dikenal nalika main sinetron Cinta Bunga. Saliyané iku, Chico uga tau main filem kang judhulé Lawang Sewu ing taun 2007 lan In the Name of Love nalika taun 2008.
Biografi
Chicko Jericho, aktor enom kang lair ing Jakarta nalika 3 Juli 1984 iki kalebu pemain sinetron Indonésia kang nduwèni katurunan Thailand saka bapaké. Jenengé wiwit dikenal nalika main ing sinetron stripping “cinta bunga”. Ing sinetron iki, Chico akting bareng karo artis enom kang jenengé Laudya Chintya Bella. Nalika iku Chico uga nduwèni katresnan karo lawan mainé ing sinetron iki saéngga Choco pacaran karo mantané Raffi Ahmad ya iku Laudya Chintya Bella. Kariré diwiwiti nalika dadi ajang Cover Boy kalawarti Aneka Yess taun 2000. Jenengé sangsaya misuwur nalika dadi bintang ing sinetron iki. Chiko uga nyangka yèn dhèwèké dadi populèr kaya saiki. Nalika isih cilik Chico Jericho seneng ndeleng filem lan akting. Chico njajal akting lan dhèwèké uga dadi seneng akting. Ananging nalika kudu ngapalaké dhialog utawa skrip filem, Chico rada kangèlan, ananging Chico nganggep iki kanggo tantanngan supaya bisa luwih pinter akting manèh. kulawarga Chico uga ndhukung kariré ananging Chico kudu tetep ngutamakaké pandhidhikan.
Chico mesthi nganggo sandhangan modhis ananging kanggo sedina-dinané Chico mung nganggo kaos oblong lan clana jeans.
Sinetron
Sinetron kang dibintangi Chico Jericho.
- Cithakan:Judulfilem
- Cithakan:Judulfilem
- Cithakan:Judulfilem
- Cithakan:Judulfilem
- Cithakan:Judulfilem
- Cithakan:Judulfilem
- Cithakan:Judulfilem
Filmografi
Film kang tau dibintangi Chico Jericho.
- Lawang Sewu (2007)
- In the Name of Love (2008)